Thursday 16 May 2013


Nganjuk iku sawijining kutho sing nduweni akeh kabudayan. Saliane iku, uga ana panggonan - panggonan wisata sing isa ditemoni ing kutho bayu iki. Amarga iku, mesti wae yen mlaku - mlaku ing kutho Nganjuk iki penggawean sing nyenengake.

Nanging, sawise mlaku - mlaku ing kutho Nganjuk, awakmu mesti ngerasakake sing jenenge 'luwe'. Kanggo nanggulangi kuwi, mestine butuh panganan sing isa ngelegakne wetheng lan lathi awak dhewe. Mumpung isih ning Nganjk, ora ana eleke yen ngerasakake panganan khas kutho iki. Lumayan akeh panganan sing kena dijajal. Nanging wektu iki, ArtikelkuOnline.blogspot.com arep nyeritakake sebagian wae.

Sing sepisan yaiku dombleg. Menawa awakmu ana sing gurung mangerti apa sing jenenge dumbleg iku, opo maneh sing dudu wong Nganjuk. Dumbleg iso ditemokne ning Kec. Gondang. Panganan iki pancen meh padha karo Pudak (panganan saka Gresik). Nanging, rasa lan wujude bedha. Rasane legi lan gurih. Wujude kaya lonthong. Panganan iki kagawe saka glepung beras, gula abang lan santen sing dibungkus godhong jambe.

Siji maneh sing legi saka Nganjuk. Yaiku onde - onde njeblos. Lho onde - onde kok njeblos? Ya, onde - onde iki pancen njeblos utawa ora ana isine. Jajanan iku wujude bunder diblebet wijen. Nanging, aja salah tampa! Masio ora ana isine, nanging rasane panggah enak. Aja sampe lali ngicipi onde - onde jajanan khas Nganjuk iki.

Saliane jajanan, sakiki wayahe ngelirik panganan sing radha abot. Yaiku sega becek. Lho, sega becek? Apa kudanan?

Sega becek yaiku sega sing dilawuhi daging wedhus sing diolah embane sayur gule. Rasane ya meh padha, nanging ning njerne ana gobis lan cacahan seledri. Panganan iki disuguh ake karo sate saka daging cempe sing mesti luwih empuk. Kanggo wong sing seneng daging wedhus, ora ana salahe nyicipi panganan iki. Luwih enak dipangan yen isih panas. Apa maneh yen hawane adhem. Mesti awakmu bakal nggoleki maneh! Bab rega, aja bingung. Kurang luwih 8000 rupiah, awakmu isa nggowo mulih sak porsi sega becek.

Iku mau sebagian cilik panganan sing ana kutho bayu, Nganjuk. Sak wise ngicipi, mestine padha ketagihan lan pingin njajal meneh panganan iku kemeng. Apa maneh regane sing murah lan ora nguras dompetmu. Dadi ojo samar. Isa awak dhewe deleng, panganan tradisional nduweni akeh keluwihan tinimbang panganan manca negara sing saiki akeh ditemani ndek pasaran.

Kejaba luwih murah, panganan tradisional kebukten luwih sehat. Gaweane sing isih tradisional uga nambahi rasa khas panganan iku maeng. Amarga kui, awak dhewe sing dadi wong Indonesia, lan wong Nganjuk khususe, wis sak patute yen ngelestarikake kabudayan kutho Nganjuk. Matur suwun.